Falsafah Tembang Macapat

makna kang ana ing tembang macapat, amargi kebiasaane wong jawa sing seneng nggunakna pasemon (perumpamaan), saben tetembung kang anaing tembang macapat digothak gathukake karo uruipe manungsa. Tembang macapat ngambarake uriping manungsa (sekang sedurunge lahir tumengkaning pati).

1. Maskumambang
Nggambarake "jabang bayi" kang isih ana kandungane ibu, durung bisa mengerteni bayi kuwe lanang utawa wadon. Kumambang tegese kang durung mesthi, dadi uripe isih ngambang ing pandharane ibu.

2. Mijil
Nggambarake waktu lahire jabang bayi, wis katon bayi kuwe lanang utarwa wadon.

3. Kinanthi
Sekang tembung kanthi utawa tuntunan sing tegese di tuntun supaya bisa mlaku ing panguripan alam donya.

4. Sinom
Ategese "kanoman" mujudake wektu longgar nalika isih enom kanggo ngelmu saakeh-akeh.

5. Asmaradana
Wis mulai nduweni rasa katresnaan marang lawan jenie, mulai kasmaran dening wong lia.

6. Gambuh
Nduweni teges jumbuh/sarujuk/cocok, kang ategese dicocok antarane lanang lan wadon kang wis nduweni rasa tresna.

7. Dhandanggula
Ngambarake seneng senenge, apa kang dikarepake bisa kasembadan, bisa nduweni jodho, kaluwarga lan urip serba kacukupan.

8. Durma
Durma sekang tembung darma/aweh, menawa wong urip kuwe wis rumangsa cukup, banjur tuwuh rasa welas asih marang sapadha-padha.

9. Pangkur
Pangkur sekang tembung mungkur/mundur, kang ateges wis mungkur sekang hawa nafsu.

10. Megatruh
sekang tembung megat-ruh utawa nyawa kang wis metu sekang awak/ragane. Ategese wis seda.

11. Pocung
Ngambarake layon dipocong, bali menyang gusti kang mahankuwatos.

0 Comments:

Post a Comment