Tembang Macapat : Pengertian, Jenis, Watak Tembang Macapat

Pengertian Tembang Macapat

Tembang Macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran guru gatra (cacahiing larik/gatra saben sapada), guru wilangan (cacahing wanda saben gatra), guru lagu (tibaning swara saben pungkasaning gatra).

Jenis Tembang Macapat

  1. Maskumambang
  2. Mijil
  3. Sinom
  4. Kinanthi
  5. Asmarandana
  6. Gambuh
  7. Dhandanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pocung
Maskumambang : (4 gatra), (12i, 6a, 8i, 12a)
Mijil : (6 gatra), (10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u)
Sinom : (9 gatra), (8a ,8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a)
Kinanthi : (6 gatra), (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i)
Asmarandana : (7 gatra), (8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a)
Gambuh : (5 gatra), (7u, 10u, 12i, 8u, 8 o)
Dhandanggula : (10 gatra), (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u,8a, 12i, 7a) 
Durma : (7 gatra), (12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i)
Pangkur : (7 gatra), (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)
Megatruh : (5 gatra),(12u, 8i, 8u, 8i, 8o)
Pocung : (4 gatra), (12u, 6a, 8i, 12a)

Wataking Tembung Macapat

  1.  Maskumambang : nelangsa, kanggo ngambarake rasa sedih keranta-ranta.
  2.  Mijil : prihatin, kanggo crita kang ngemu rasa kesedihan.
  3.  Sinom : cantas, kanggo aweh pitutur
  4.  Kinanthi : seneng, tresna, kanggo ngambarake rsa ketresnan
  5.  Asmarandana : sedih prihatin ing asmara
  6.  Gambuh : sumanak, sumadulur, kanggo aweh pitutur.
  7.  Dhandanggula : luwes, kanggo ngambarake rasa apa bae.
  8.  Durma : kanggo medharake rasaning ati kang gregeden utawa crita perang.
  9.  Pangkur : kanggo suka pitutur, carita perrang, bebukaning cerita.
  10.  Megatruh : trenyuh, memelas, kanggo carita kang ngemu rasa susah.
  11.  Pocung : gregeden, kendho, kanggo cerita kang saka penake.

0 Comments:

Post a Comment